Langsung ke konten utama

Ensiklopedia Purna Wiyata


*Crita liya*                              

Foto karo bojoku

 Kilo foto high îbojoku sing tak share dhek emben kae dipirsani Pak Sigit. Panjenengane banjur ngendika,"Wis teka kono kok ora mampir ta, Mas!". :O ... iya ...ya. Wis suwe aku karo bojoku rasan2 arep dolan la kok saben2 lali. Eling2 bareng wis teka omah". Spontanitas aku jawab, "Sesuk tak dolan rene, neng ndalem ta?", jawabku. "Iya tak tunggu." Tenan, bareng anggone masak bojoku wis rampung aku budhal neng daleme Pak Sigit. Sak durung budhal aku telepon, ora ana jawaban. Tak telp maneh tetepmora ana jawaban. Aku tetep budhal. Tekan dalan Gitadini aku mandhek neng omah cete orange ternyata kleru. Untung ana wong kemliwer banjur aku diduduhi dalem.sing tak.tuju. Alhamdulillah aku isa ketemu karo adiku lanang sing nggales kaya wissnggeni, Sigit Triyono.

Sesuke ana wong teka jenenge Sadimun celukane Pak Mun, tangga omah jare dikongkon anakku ngresiki kandhang. Barang barang bekas, ban bekas, kawat, kerdhus lan liya liyane disingkrihne. Sak iki wis ketok resik. Pak Mun terus dikon nggawe kandhang lan wis ditinggali gambare. 

    Seminggu sak wise kandhang dadi dumadakan enek kiriman wedhus telu cacahe, loro wedok sing siji lanang. Wedhuse gedhi - gedhi tur dhuwur. Nek dibandhingne karo wedhus lokal isa-isa tiga kali lipat, mungkin lebih. "Sak bubare sholat Magrib bojoku nelpon anake lanang, "Le! Iki enek kiriman wedhus kok gedhi2 men iki wedhus apa?", pitakone bojoku. 

   "Wedhus awashi, Bu! Saka Australia.

   "Gek ngono kuwi regane pira?"

   "Anu, Bu! Kuwi fb (asli) impor", (nyebutne regane).

   "Masya Allah! Dhuwit sak mono akehe mung oleh wedhus telu, mbok ditukokne sapi ae", ( gidrah-gidrah).

   Pak Mun nggawe kandhang liyane mujur ngetan ngulon tur rodok dawa. Wadah pakan wis disetel saka papan kayu bekas sak anane. Panggonan banyu ngombe diukur padha karo bak tukang bangunan. 

    Anakku ngabari jarene sedina rong dina engkas enek kiriman wedhus jumlah 60 - 70 ekor. 

Aku kaget kok ya kesusu susu ta batinku.


Pk Lurah Kecelik..

 *Cerita nyata* Dina iki mau aku neng omah dewe ateges ora ana kancane merga bojoku piknik karo komunitase. Aku wis ditinggali sega bungkus lan kue kanggo sarapan. Bubar subuh aku leyeh2, ora krasa bablas keturon. Tangi2 wis jam 7 kliwat. Tangi jenggelak nyetater motor terus menyang sawah ndelok tanduran sing tak.lebi ring dina kepungkur. Mulih wis jam sewelas, adus ganti klambi sholat neng mushola. Mlebu omah thingak thinguk ora enek kancane. Aku terus ganti klambi nganggo jaket ora lali nganggi clana uga. Ngaca sedhela, aku ngguyu dhewe nyawang praupanku neng kaca. "Rambut saya suwe tambah putih nanging kok isik kleminthi ya", batinku. Ngadeg ya wis ora jejeg nanging karepe kok kaya sik enom wae.

    Helm.neng ndhuwur lemari tak saut, karepku arep neng kutha golek degan neng ngarep SMP4 kaya biasane. Ndillah tutup, aku terus ngidul teka lampu abang ijo menggok ngulon. Karepe awak ngendhangi mbah Wo. Tak lirik.warunge sepi

 Aku bablas ngulon nganti tekan perumanas Selosari. Mbalik ngetan.maneh. Sida ora sida ora. Akhire ora sida mampir mbah Sarwo. Ora enek.kancane. (maklum.ora biasa dhewe). 

    Tekan lampu merah aku menggik.ngidul terus tekan etan pasar sayur menggok.ngetan mandhek.neng toko Slamet golek.obat watuk. Ngetan maneh, kulon.rumah sakit mgalor , pasar sayur ngalor. Pikirku mbik.menawa neng sekitaran terminal sepi aku wani.mampir, mangan. Pranyata nyaliku cuiliiiik menthik. Ora wani mampir. Muter balik ngidul maneh menggok.ngetan. Tekan etan.pasar sayur enek.bakul.mie ayam. Sepi. Aku mampir. "Pak! Bungkus setunggal", pesenku marang tukang mie. "Nggih, ngangge saos?". "Mboten", jawabku. "Putihan nggih?", petakone tukang mie. "Nggih", jawabku. Aku ora ngerti putihan kuwi apa karepe sing penting aku mung nyauri nggih. 

    Rampung leh.mgedoli aku bablas mulih njupuk sendhok.karo.piring. Gage2 bungkuse tak bukak, tak adhuk2 terus tak pangan. "Lo, kok anyep ae, apa iki sing diarani putihan", batinku. Akhire aku ora sida mangan nganti sore iki. Adzan magrib saka mushola ngarep omah wis mangalun alun. Dumadakan putuku ngebel, " Tung habis magrib ke Madiun, ya". 

   Bubar magrib aku terus gsntu klambi budhal.mentsng Mediun. Alhamdulillah, dijak.mampir neng Dun city, mangan.

Sak iki aku wis tekan ngomah. Omah sik sepi. Anak putuku mulih neng omahe dhewe2 sak untara bojoku urung bali anggone piknik sik makan malam neng ndalan jarene. Arep tak tinggal sholat dhisik ya, Lur! Tulung nek bojoku bali kamangka anggonku sholat durung rampung temonana dhisik nek tanah ngaku bala. Ha ...


[25/7 10.55] Bp. lurah Budi Tambak Mas: Crita Nyata

    Minggu kepungkur aku oleh telepon saka kancaku dhek jaman kuliah mbiyen asmane KSM. Ora sengaja Piyantune ngabari menawa sak iki ana Belotan , jiarah haji kancane sing lagi kondur saka nindakne rukun Islam ke-5. Merga Belotan karo omahku ora adoh, Pak KSM.mesisan arep mampir neng omahku. "Assalamu 'alaikum", suara hp-ku. 

    "Wa 'alaikum salam hallo, Mas ! Piye kabare?".

   " Alhamdulillah, sehat. Anu, Pak! Aku iki neng Belotan jiarah haji neng nggone kanca. Panjenengan neng ndalem apa ora, sirku arep mampir mumpung teka kene e" (ngendikan ngono karo ngguyu). Pak KSM ini ngendikane alus tur kalem.

    "Wis tindak rene aku neng omah wae kok", jawabku.

   "Ko sik ya, panj kenal karo Ustadz iki gak, iki tak jake pisan nek gelem." ( karo nyebutne asmane Ustadz).

   "Ora kenal , nanging ngerti wong nate maringi pengajian neng mesjidku kok".

   "O ya wis, alhamdulillah gelem".

   "OK, tak tunggu neng kantor desa ya".

   Ora antara suwe ana mobil loro sing mandeg neng sebelah kantor desa. Pak KSM mundhun saka mobile. Salaman terus basa-basi sedhela. Bubar iku terus ngglindhing neng omahku. Sak wise lenggahan sak untara Pak KSM ngajak menyang mburi omah dikanthi  Pak Ustadz lan garwane mirsani wedhus. 

   "Aku iki penasaran pingin ndelok wedhusmu. Tak delok neng yutub kok gedhi2 men". 

   "Iya, Mas! Ya ngono kuwi eneke."

   Bareng wis cedhak kandhang Pak KSM ngenika, "Lo lo lo, la iki wedhus apa?"  pitakone Pak KSM kaya rodok2 gumun). 

   "Iki ngono wedhus perah jenenge Sanen, nek.ora salah sak Swiss apa ngendi ngono lo. Iki.mung khusus jupuk susune."

   "La kok isa ngene ki biyen ke piye, gek leh oleh wedhus ngene iki ka endi", pitakone nrithil. Urung kober semaur Pak KSM mbacutake ngendikane, "La ben dina produksi pirang liter? Terus ngedole nyang endi?"

   "Iki biyen ya mung iseng kok, Mas. Rencanane kanggo kegiatan nek pensiun.

La setahun sak durunge pensiun aku ditakoni anakku, "Pak! Mbesuk nek wis pensiun arep nyapa?"

   "Angon wedhus, Le! Kebon mburi kuwi tak tanduri aneka buah. Pelem jenis sing abang2 kae lo kaya sing neng yutub, kates, jeruk, jambu, blimbing, apokat lan liya liyane pokoke sing enek neng kene. Dadi nek butuh buah apa wae ora sah nyang ngendi endi. Terus ngisore tak culi wedhus wedok papat lanange siji, tak umbar ucul nanging tak cepaki ngombe karo gubuk.cilik2an mbok menawa wedhuse pingin ngiyub."

   " Wo ..., nggih pun nek ngaten", semaure anakku.

   "La nek perlu sisih kidul tak gawe kandhang terbuka elek2an kanggo ngingu bebek".

    "Kula nggih ngingu menda nanging mboten ngeten niki (Psk zustafz nylethuk). Pakane mboten ngangge suket. Kula tumbas teng nggene Pak S."

   "Penggemukan nggih, Pak!"

   " Nggih, namung tigang dasa wong griya kula niku teng kutha dadi nggih mboten wonten rumput."

   Aku wong telu mbacutake anggone mlaku, saka kandhang siji menyang kandhang sijine. Saben kandhang wedhuse beda2 jenise. Tak jelasne kabeh. Lagakku kaya guide profesional. "Sing nika Awashi, Pak! Saking Siria nek mboten lepat. Mendane dhuwur2 cepet gedhe. La niku anake sing sik nusu babone. Nek sing niki anake sing pun dhewasa".

   "Ngoten niku bobot pinten, Pak! (pitakone Pak Ustadz)

   " Dereng nimbang, Pak! Sing jelas diatas sak kuintal. Soale setahun kepengker nika bobot 104 kg. La sak.niki pun tambah ageng mesthine luwih abot malih." 

   "La iki, Pak! Iki apa?" , sambung Pak KSM karo nudhingi wedhus sing endhase abang.

   " Iki jenis boor, asline saka Afrika. La nek sing ana kandhang lor kae jenis doorper saka Ostrali."

   Kabeh kandhang wis diubengi uga wis tak jelasne kabeh. Sak iki nerusne critane awal mulane ngingu wedhus. Sak uwise tak sauri pitakone anakku, banjur deweke ngomong, "Nanggung, Pak! Ditekuni sekaliyan kenek kanggo hiburan.

   "La kae enek bekas kandhang sapi kenek dienggo."

   Sesuke ana wong teka jare dikongkon anakku ngresiki kandhang. Barang barang bekas, ban bekas, kawat, kerdhus lan liya liyane disingkrihne. Sak iki wis ketok resik.

[25/7 10.56] Bp. lurah Budi Tambak Mas: Crita urung rampung, sedela enek sing nyelani ( tamu)

[25/7 12.14] Bp. lurah Budi Tambak Mas: Sesuke ana wong teka jenenge Sadimun celukane Pak Mun, tangga omah jare dikongkon anakku ngresiki kandhang. Barang barang bekas, ban bekas, kawat, kerdhus lan liya liyane disingkrihne. Sak iki wis ketok resik. Pak Mun terus dikon nggawe kandhang lan wis ditinggali gambare. 

    Seminggu sak wise  kandhang dadi dumadakan enek kiriman wedhus telu cacahe, loro wedok sing siji lanang. Wedhuse gedhi -  gedhi tur dhuwur. Nek dibandhingne karo wedhus lokal isa-isa tiga kali lipat, mungkin lebih. "Sak bubare sholat Magrib bojoku nelpon anake lanang, "Le! Iki enek kiriman wedhus kok gedhi2 men iki wedhus apa?",  pitakone bojoku. 

   "Wedhus awashi, Bu! Saka Australia.

   "Gek ngono kuwi regane pira?"

   "Anu, Bu! Kuwi fb (asli) impor", (nyebutne regane).

   "Masya Allah! Dhuwit sak mono akehe mung oleh wedhus telu, mbok ditukokne sapi ae", ( gidrah-gidrah).

   Pak Mun nggawe kandhang liyane mujur ngetan ngulon  tur rodok dawa. Wadah pakan wis disetel saka papan kayu bekas sak anane. Panggonan banyu ngombe diukur padha karo bak tukang bangunan. 

    Anakku ngabari jarene sedina rong dina engkas enek kiriman wedhus jumlah 60 - 70 ekor. 

Aku kaget kok ya kesusu susu ta batinku.



2. Judule pk pri kecelek bolak balik...


Ki mau aku bakdho tenis langsung mulih terus adus arep njenguk pak Joko Konco Sparda.

 Sak durunge ngendangi aku ngebel pakde pri Nek engko jam 10.00 neng nggone pak Joko Yo. Jawabe pk de Pri Yo aku Wis no ngorang nggareng. Okkk 

Aku numpak uduk ngulon terus langsung omahe pak Joko belotan. Nang Kono Wis Ono pk Diran. Trus bukak hp pk Pri ngebel Kowe no NDI aku Wis no nggone pk Joko. Tak enteni suwi kok rateko teko ..tibake pk Pri Nyang omahe pk Joko terung Magetan, la Dala pk Joko dirawat Ono omah belotan ...akhire pak Pri mbalik ngetan maneh...

Yung olah pk pri ..awakmu mau ngulon Bali ngetan maneh no...Trus bar ngendangi pk Joko Madang no dawet Jabung....

Ko nek Ra jelas takok pk de lurah Pri...Yo pur.

Crito dino Iki

Mulih subuhan ujug-ujug dicedaki diajak golek keramik. La jam Piro aku takon jawabe sekitar setengah songo.

Tenan jam setengah songo aku di papak terus aku nyengklak mobil wong telu langsung golek keramik Eneng kulon alun-alun. Jebule onok kulon alun-alun ya ora ono terus menuju ke sebelah utara pasar seleko ono toko remaja... ono kuno Yo ora ono barange. Terus ngulon titik  neng gone kulon pasar Sleko Yo ora ono sing cocok.

Kok yo Angel men golek keramik sing podo karo pasangan sing wis lawas. Akhiri terus menuju ke manisrejo  nyisir toko keramik, jebule oleh keramik kanggo kamar mandi no tokonopo lali jenenge. 

Mboso oleh sing digoleki kok wetenge melintir-lintir jarene durung sarapan, lah nek maem kui aku kan senengane sate piye..jale..yoo..yo .akhire langsung neng bakul sate no jalan koperasi. Ueenak tenan jarene iki langganane walikota sing biyen. Pak Towo ngendikan mburine anak Lanang hehe

Weteng wis warek  golek meneh keramik kanggo teras ...ngulon lewat pabrik gulo Kanigoro sing Wis ditutup. Ngulon terus ono Neo Keramik. Nangkono oleh sing...rodo cocok Karo cat masjide. Ayem...warnane.disetujoni Karo takmir masjid..

Alhamdulillah mulih mampir no Masjid Firdaus Madiun we ladala kok Wis jam setengah siji....


3. Pk Towo..Crito lelayu....

Sawetoro dino jemuah wingi ono konco guru IPA soko smp1bendo kang aran p.Samuji, lagi wae diendhangi konco tunggal golek upo yo kuwi p.guru Joko matematika, gegojekan koyo padatan, koyo rikolo pas isih durung podo pangsiune. Weee....kersane Gusti Allah, dino iki mau panjenengane p.Samuji kapundut marak sowan ngarsane Allah swt, innalillai wa innailaihi roji'un...sugeng tindak kung, mugi husnul khotimah🤲.

Mangkono crito lelayuku....🙏

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sambutan Pondok Ramahan SMPN 1 Maospati.

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh Salam Sejahtera untuk kita semua. Alhamdulillah alhamdulillahirobbil alamin washolatu wassalamu ala asrofil Ambiya iwal mursalin wa'ala alihi wa shohbihi ajma'in Amma ba'du Anak-anakku yang paling saya banggakan serta Bapak-Ibu yang saya hormati, marilah kita bersyukur mengucap Alhamdulillah karena atas limpahan taufiq hidayahnya sehingga kita masih diberi kesempatan utamanya kesehatan dan iman, sehingga kita dapat bertemu dalam rangka pondok ramadan SMP 1 Maospati Sholawat serta salam terlimpahkan kepada junjungan Nabi Muhammad SAW. Mudah mudahan kita semuanya dicatat oleh Allah sebagai umatnya. Aamiin ya robbal aalamiin. Izinkan saya memperkenalkan diri nama saya Edy Siswanto asli dari desa Pragak Kecamatan Parang Magetan. Sekarang berdomisili di Jl. Cokrobasonto III/12, kota Madiun Anak-anakku yang berbahagia serta Bapak/Ibu yang saya hormati, kita melaksanakan ibadah puasa sudah dua kali ini dalam masa pandemi covid 19, maka da...

Hasil resume SNESTI WISATA LITERASI

 Alhamdulillah anak anak sebagian sudah mengirimkan hasil ringkasan materi pondok pesantren. Dibawah ini sebagian dari hasilnya. Semoga SNESTI WISATA LITERASI semakin terdepan.

Bacaan Al Qur’an Menggema Di Manapun Berada

      Kita mendengar sayub-sayub lantunan Al-Quran dimanapun berada pada setiap bulan ramadhan. Sebulan penuh baik di Masjid, Mushola, Surau atau langgar setelah sholat tarawih para santriwan santriwati membaca Al-Quran sampai katam. Ada yang mengatamkan sampai lima kali ada yang 4 kali tergantung semangat para santriwan santriwatinya. Bahkan di rumah-rumahpun budaya membaca Al-Quran mudah kita dapatkan. Namun mengapa budaya mambaca ini hanya kita dapatkan pada bulan romadhon saja. Yang jelas Tuhan mengobral pahala, sehingga umat-Nya pingin memborong semuanya. Sudah tidak asing bagi kita terutama yang beragama Islam untuk mengenali dan membaca Wahyu Tuhan yang diturunkan pertama kalinya, yang diterima oleh Nabi Muhammad SAW, Jibril berkata: “ Iqra ’ ” (bacalah), :Ma aqra’?” (tetapi apa yang harus dibaca?) tanya Nabi – pertanyaan itu tidak dijawab, karena Allah menghendaki agar beliau dan umatnya membaca apa saja, selama bacaan tersebut “Bismi Rabbika”, dalam arti berm...